Sabtu, 30 April 2011

Geguritan (Puisi) Kaanggit Ing Ngisor Wit Talok karo Sing Momong Aku Simbok Tiploek (Mengenang jasa almarhumah)


Geguritan ing Ngisor Wit Talok karo simbok Tiploek,
Duk nalika panca dasa warsa kapungkur,
ing ngisor wit talok aku digendhong simbok...
nalika bongso isih rukun, kinurmatan bongso liya,
para pemimpin katresnan sadaya warga bongso,

kang ngelingi yen unifikasi keyakinan wus ora dadi soal wigati,
merga para sutresna saling mangerteni yen hameksa fikir iku mbalik zaman
nalika penjajah isih kuwoso, ora marengake fikir liya, jer anyebabake rudapeksa
ing ngisor wit talok sun saiki mangeteni yen zaman wis cepet ganti,
nalika fikir liya kuwi wigati, saka kuwate ide demokrasi...
nganti ana geguritan "Negeri Para Bedebah", apa kuwi anandaake,
tatanan wis owah, fikir merdiko wus nglingsirake, adat lan sopan -santun,
kabeh padha alok, kabeh padha keplok
geger, omyak isu gantos wigati: korupsi, money laundering, mafia hukum, mafia pajak, Bank Century, NII..sesuk apa maneh kabeh wus ora ngerti ?
Yen katon kabeh padha urun wicara, kabeh padha nyambung kritik, jarwane pancen pedhes, nggrantes ning ora ana sing nges lan menthes
mulat solusi kang durung ana, dudu substansi....merga padha pinter lan pengin
ngudharasa mulat sarira hangrasa wani?
Apa merga aku ing ngisor wit talok....sing keplok lan alok ora tombok?

Akhir April 2011
Mung Ngrungkebi Kabudayan Jawi Ora Ana
Milik lan srei!
IK

Tidak ada komentar:

Posting Komentar